Postingan

Menampilkan postingan dari 2018
Gambar
"Pak...Titip Anak Kula" Panganggit   :Suryadi W.S Ringkesan     : Seneng- senenge wong urip jejodhowan iku yen lagi arep duwe anak siji. Iku lumrahe, nanging ora mengkono sing dialami Sukri nalika anake arep lair, watara telung taun kepungkur. Tanpa kanyana bapake maratuwa alok sajak angkuh. “ wis tak omongke: aku ki kepepet ” Ujar Marta, sang maratuwa. “ Awit aku ora ngerti yen kowe iki wong nggombal pitulikur ”. “ Kula niku nembe usaha pak, dereng kasil .” saure Sukri. Langsung disuta Marta “ Lha kowe,  yen wis ora duwe isin ya tetepa ana ngomah kene. Ning nek due isin kudune kowe ki wis ora wani ngambah omahku ”. Dina iku uga Sukri niggalake omahe maratuwane lan bojone sing arep nglairno Lelakon dumadi telung taun kepungkur. Wiwit iku Sukri usaha kanthi tumemen, linambaran prihatin lan nyenyuwun marang Gusti Allah. Akhire bisa nyelengi dhuwit cukup akeh, atine nyicil bungah, sedhela maneh kelakon tuku mobil lan bisa nemoni anak bojo. ...
Gambar
"ASMARANI" Asmarani bocah wadon sing awit cilik dadi anak pupon dirumati kaluwarga Nataran ana ing Desa Ngombol. Pak Nataran lan Mak Nataran yaiku tani sing sugih ana ing Desa Ngombol, Pak Nataran iku sabar banget anggone dadi wong. Beda karo Mak Nataran sing panikan lan emosinan. Ana uga Paerah, mbakyune Asmarani sing  j udhes,  manja lan aleman, Paerah  kerjane ning Surabaya. Lan akhire kawin karo Raden Saptadi sing dibanggak-banggak ake  marga pegawe Bank. Asmarani satemene wis awit bayi pisah karo ibune merga jaman semana diuber-uber para Walanda, Asmarani iku satemene anake Nyai Juwita salah siji pejuang ana ing jaman semana. Nyai Juwita ninggalake Asmarani merga jaman semana Asmarani isih bayi, lan Nyai Juwita diuber-uber para Walanda. Akhire ditinggalake ana ing omahe Pak Nataran, dirumati Pak Nataran lan keluargane, Nyai Juwita priyayi ana ing Kutha Yogyakarta. Sejatine Asmarani pinter ing sekabehane piwulangan, khususe itung-itungan. Bocah ik...

rangkuman cerkak bahasa jawa

Gambar
"Kunarpa Ing Gerbong Pungkasan" Dening : Kukuh S. Wibowo Majalah : Panjebar Semangat edisi 43 Tanggal Babar : 22 Oktober 2016 Rangkuman :            Respati, Niken Respati Kusumaningrum. Wong sing ngurusi urusane Hotel Ndederpenyu ing Tretes. Herkusna Nitibaskara, pengusaha kaloka ing kutha gedhe lan bapake Respati. Respati marani dhetektif kanggo ngadhepi perkara sing lagi diadhepi deweke. Telung dina kepungkur bapake masang adpertensi ning koran. Duduk adpertensi promosi utawa kabar lelayu kaya umume iklan, nanging byawara yen bapak nedya ngedum warisan marang putra-putrane. Aneh kan, wong atase perkara kaya ngono kok dipacak ana surat kabar. Bapake uga isih sugeng, isih sehat, kok moro-moro arep ngrembug dum-dum warisan.            Dhetektif sing jenenge Setyawan kuwi bingung mirengke critane Respati. Amarga ora ana apa-apa kok bapake arep ngedum waris...

Sinopsis Novel Bahasa Jawa

Gambar
" PRAU GETHEK NYEBRANG JALADRI" Soekirman lair ing desa Tualang,Perbaungan,Serdang Bedagai,Sumatera Utara. Asma Bapakipun Soekirman inggih menika Pak Subardilan , pakaryanipun inggih menika  tani lan laku dagang woh-wohan, asma ibunipun bu Isayaah. Simbah buyut Soekirman asli saking Parakan,Temanggung Jawa Tengah, asmanipun Mbah Sajiman lan Mbah buyut putri saking Blora inggih menika Mbah Halimah. Simbahipun Soekirman inggih menika Mbah Jusuf lan mbah putrinipun mbah Absah. Nalika Soekirman taksih alit antawisipun taun 1958 Bapakipun Soekirman seda,lajeng Soekirman dipunrawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin. Lajeng Ibunipun Soekirman pindhah dhateng desa Pagar Jati,Lubuk Pakam. Ing desa Pagar Jati Soekirman dipunsekolahaken ing Sekolah rakyat ngantos dumugi tahun 1962. Pakdhe Ngadimin menika njabat ketua RT ing desa Pagar Jati lan mucal tiyang-tiyang desa maos lan nulis ingkang langkung dipunkenal istilahipun PBH (Pemberantasan Buta Huruf), a...
Gambar
Novel Lumbung Jati ing Gunung Kendheng       Sinopsis   Novel  Lumbung Jati ing Gunung  Kendheng  menika dados sarana pamulangan, ingkang isinipun babagan sambung srawung salebeting bebrayan. Isinipun inggih menika wiyosipun ingkang nyariosaken kawontenan dalem swarga Sampeyan ingkang sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IX. Sampeyan  putra ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwno VI miyos saking Prameswari. Sampeyan dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono VI jumeneng dalem Nata hamarengi.   Gumantine tahun lumaku nut wirama alam. Desa mawa cara, negara mawa tata. Gremat-gremet waton slamet. Alon-alon waton kelakon. Kraton Surakarta kagungan adicara. Malem selikuran menika kayata ndherep kirab, wonten ingkang mbeta ting, piranti ingkang kedah jangkep yaiku lenga. Supados urupe padhang. Salajengipun wonten gerdu ing pinggir dalan, milih papan ingkang strategis, lan gerdu menika sami dipun sumet. ...

Cerkak bahasa jawa

Gambar
LELAKON Ujare para winasis, apa sing tumiba marang kabeh mahkluk ciptaane Gusti Allah, klebu menungsa, wis adhedhasar garising kodrat. Ora ana sing bisa nulak. Ora bisa milih lair minangka apa. “Tumrap mahkluk neng alam donya iki, lelakon sing dialami mono mung saderma. Awake dhewe iki mung saderma nglakoni,” kandhane Partinah nalika njawab pitakonku, keneng apa tangan kiwaku ora ana drijine. Aku pancen asring ngresula menyang wongtuwa,  krana saka sedulur wolu, mung aku dhewe sing ora ganep. Kabeh dulurku —lanang enem, wadon loro— perangan awake jangkep. Komplit, ana sikil, tangan, mripat, kuping lan sirah. Bareng aku? Ora nggumunake menawa cacade awak iki ndadekake aku banjur ora tatag ngadhepi kahanan.  Aku ngrasa kurang bebas, mindher yen kumpul karo kanca sekolah, kanca dolan, kanca ngaji, uga sapa wae yen ketemu neng dalan. Apa maneh mlebu toko utawa pasar. Mlaku samlaku, obah ngiwa obah nengen, sarwa ora kepenak. Kidhung, kaya-kaya kabeh mripat padha...

Rangkuman Novel Bahasa Jawa

Gambar
ASMARA ING SALA ENDAH Penulis     :  Eny Anggraeni Penerbit   :  TRI TJAHJA Tebal        :  34 halaman Lelakoning urip Mariani uga kasebut Rian kang nemoni akeh pacoban pinuju urip kang mulya. Kawiwitan saka Nursanta (Santa) kang kerep banget mara menyang omahe Jektiningtyas (Tyas), yaiku putra saka budhene Rian. Rian kang uga melu budhene dadi melu akrab karo Santa. Santa lan Tyas iku kekancan wis suwe, mula ngandi-ngandi ya wong loro. Ora nyana jebule Santa karo Rian wis pada aprasetya bakal urip bebarengan, kalorone padha-padha duweni rasa tresna. Kamangka Tyas uga tresna banget marang Santa amarga sangka kulinane dolan bareng, nanging Santa ora ngerti yen ditresnani.             Suwening suwe gegandengan antarane Santa karo Rian dingerteni dening Tyas. Dheweke kelara-lara lan nguring-nguring adhine ponakan. Rian dia...

NOVEL BAHASA JAWA

Gambar
SERAT RIYANTA Wonten Serat Riyanta punika kacarios menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Riyanta. Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal sedak aliyan ramanipun. Lajeng naming dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta sanget dipuntresnani dening ibunipun.  Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Riyanta di pindah wontening Semarang. Wonten Semarang punikaraden mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Riyanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakka behanipun katurutane raden mas Riyanta.  Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Riyanta kangge gol...
Gambar
      Mbuang Uwuh                Mbuwang uwuh ing enggone kuwi gampang! wektu lagi bersepeda beberapa dina sing nuli, aku ndelok siji montor sing penumpangnya buwang gelas plastik banyu mineral ngono wae menyang laku liwat jendela. aku ora entek pikir, kok isa, ya? karepe, apa sadurunge padha pisan ora mikir menawa uwuh kuwi bisa babagan wong sing liwat? apa ora rumangsa demen laku sing cukup resik kuwi diregedi karo gelas plastik bekas sing sabenere bisa dibuwang neng panggonan uwuh?  aku kira, kanggo wong sing (bener-bener) berpendidikan, ana sak-werna pangrasa ora enak yen buwang sampah menyang laku ngono wae. kajaba mengotori laku, uga berbahaya kanggo pangguna laku liyane. durung lagi nek uwuh kuwi mengkone lebu menyang selokan nuli menghambat aliran banyu. nah, jaga-jaga banjir, deh. padahal tanpa “bantuan” sampah pun, akeh laku sing nyat kerep tergenang banyu nek udan deras, marga sistem drainasenya nggak a...

Cerkak

Gambar
JODHO Dijupuk saka : Majalah Panjebar Semangat  edisi 24 Desember 2016 Dening :  A.S Yasman Sinopsis :           Jujur wae, senajan wis pedhot watara limang taunan, nanging batinku ora bisa diapusi. Angel anggonku arep nglalekake senajan wis keslimur maneka kegiyatan ing pasinaon lan sawise lulus kuliyah terus nyambut gawe ngrumat pasien ing rumah sakit. Uga duwe samben nulis cerkak lan guritan sing tak kirim menyang majalah basa Jawa, ngiras melu nguri-uri basa lan susastra amrih ora kabuncang dening ombake globalisasi.             Triningsih jenenge kenya kembange desa kuwi. Citrane tansah kumanthil ing atiku, luwih-luwih yen pinuju sepi ora ana kegiyatan. Gawang-gawang wewayangane tansah ngreridhu, lelewane yen pinuju aleman, lan dhekik pipine yen lagi mesem. Wis dadi rahasia umum yen sesambunganku karo Triningsih kayadene Kamajaya lan Dewi Ratih, ngalor ngidul tansah rerenteng rerun...

rangkuman novel

Gambar
GARUDA PUTIH   Identitas novel     : Garuda Putih  Penulis      : Suparto Brata  Penerbit    : Narasi  Tahun terbit          : 2009  Tebal buku            : 148  Nomer seri ISBN : ( 10 ) 979-168-157-0                                                  ( 13 ) 978-979-168-157-0  Dimensi ukuran    : 25,5 X 14,5 cm  Jenis kertas           : HVS  Sinopsis    : Garuda Putih             Emi, won...