rangkuman novel
GARUDA PUTIH
Identitas
novel : Garuda Putih
Penulis : Suparto Brata
Penerbit : Narasi
Tahun
terbit : 2009
Tebal
buku : 148
Nomer seri ISBN : ( 10 ) 979-168-157-0
( 13 ) 978-979-168-157-0
Dimensi ukuran : 25,5 X 14,5 cm
Jenis kertas
: HVS
Sinopsis :
Garuda Putih
Emi,
wong wado bayaran nalika tangi turu dheweke kaget amarga Abisuna , wong kang
nggawa dheweke ing sawijining hotel ing pegunungan yaiku hotel Argadalu wis ora
ana ing njero kamar . Esuk-esuk nalika wong loro nom-noman lanang wadon yaiku
Manik lan Wicaksana lagi mlaku-mlaku ana ing taman , dheweke namoake mayit.
Mayit mau digantung ing sak ndhuwure jirang. Mayit mau ora salah ya Abisuna.
Manik lan Wicaksana banjur enggal-enggal lapur karo meneger hotel yaiku
Suhud. Banjur kasus mau ditangani dening polisi saka Surabaya sing njanjane
lagi diugasi ngurus kasus durjana Garuda Putih . Kasus diperjayane Abisuna uga
ditangani dening detektip kondhang yaiku Handoko , sing uga wis suwengi ana ing
hotel Argadalu . Polisi nemoake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna
, kertas mau ana tulisane “ Ukumane wong slingkuh” . Kertas mau padha
persis karo kertas sing ditinggalake nalika ana maling Rajabrana ing
daleme Bapak Suryapriyangga ing Surabaya seminggggu kepungkur . Ing kertas sing
ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga ana tulisane “sing njupuk
aku , Garuda Putih “ . Banjur padha ngannggep ten sing merjaya Abisuna
kuwi ya Garuda Putih .
Kabeh wong kang ana ing hotel mau diperiksa dening polisi , lan kabeh
wong padha duwe rasa curiga dhewe-dhewe . Bagus Pramutih dadi sasaran tudhuhan
amarga dheweke gerak-gerike nyurigani . Nanging wis mesti gudu Bagus Pramutih
sing merjaya Abisuna, amarga Bagus Pramutih teka ing hotel kana namung
dikongkon dening nyonya Abisuna kanggo nyekseni yen Abisuna pancen tenan ora
lagi dinas ana ing Malang , nangin lagi slingkuh ing hotel Argadalu. Nyonya
Abisuna pikantuk info yen Abisuna lagi slingkuh saka surat budhek sing ditulis
ing kertas serbet hotel Argadalu , surat mau jare dikirim dening Garuda Putih .
Garuda Putih arep ngukum Abisuna amarga klakuane .
Guritna, tunangane Rara Suwarni ponakane meneger hotel uga dadi sasaran
tudhuhan , amarga dandanane necis kata ciri-cirine Garuda Putih , umur-umurane
uga padha . Lan dheweke teka ing daerah Tretes bareng karo tekane durjana
Garuda Putih sing ditandhani anane kasus diperjayane Abisuna , lan Guritna
ditudhun yen dheweke kuwi Garuda Putih . Nanging Polisi ora bisa mbuktikake yen
Guritna kuwi Gariuda Putih , malah ana kabar yen Garuda Putih dina kuwi kecekel
lan mati ana ing Surabaya bibar ngrampok . Otomatis Guritna bebas lan polisi
sing ditugasake ing Tretes tugase uga dibubarake amarga Garuda Putih wis
kecekel . Banjur kasuse Abisuna ditangani dening detektip Handoko . Banjur
ketemu yen sing merjaya Abisuna kuwi ora salah ya Maridi , jongos hotel
Argadalu . Motip pembunuhane yaiku amarga Maridi arep njebak Garuda Putih
. Maridi wis reti sapa kuwi Garuda Putih , yaiku Guritna. Maridi
sing nulis surat budhek kanggo nyonya Abisuna , kanggo detektip Handoko , uga
surat kang ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga . Maridi arep nggawe
fitnah kanggo Garuda Putih , amarga Maridi wis suwe seneng karo Rara Suwarni
tunangane Guritna . Maridi yaiku kanca cedhake Rara Suwarni nalika SMP ,
janjane Rara Suwarni uga seneng karo Maridi nanging Ibune Rara Suwarni
ora ngrestoni . Nanging polisi uga wis ngerti yen Guritna kuwi pancen Garuda
Putih , naging Garuda Putih wis limang taun kepungkur pensiun lan ora tau
nggawe geger meneh . Uga ora ana bukti kuwat yen Guritna kuwi Garuda Putih .
Banjur sapa wong kang mati ngendhat ana ing Surabaya dina kuwi lan sakdurunge
mati ngaku yen dheweke kuwi Garuda Putih ? . Wong kuwi yaiku anak buwahe
Guritna , Guritna ngeculake manuk Doro kanggo ngirim nawala kanggo anak buwahe
kuwi . Njaluk tulung kanggo nyelametake identitase . Otomatis Guritna wis ora
bisa kena tudhuh.
UNSUR INTRINSIK
Tema
Novel Garuda Putih karyane Suparto Brata, nduweni tema detektip lan pembunuhan. Nyeritaake diperjayane Abisuna dening Maridi pembantu hotel, tujuane kanggo njebak penjahat ulung yaiku Garuda Putih.
Alur
Alur kang digunaake ing ovel Garuda Putih yaiku alur campuran , amarga kejaba nyeritakake kadadeyan kanthi runtut nanging uga kadhang uga nyeritakake utawa mbalik ing masa lalu.
Setting
1. Pangonan
Hotel Argadalu, taman hotel, warung Marsoleh, surabaya, omahe Abisuna.
2. Wektu
Mbengi, esuk, sore, awan.
3. Kahanan
Tegang.
Sudut pandang
Sudut pandang sing digunaake yaiku Sudut pandang Orang ketiga serba tahu, amarga si penulis ora melu utawa terlibat dadi tokoh ing cerita, nanging si penulis reti persis kerpiye kahanan utawa situwasi ing njero cerita.
Amanat
Mbelani kebeneran kuwi pancen bener , nanging aja nganti mbelani nkebeneran lan mbantu wong susah dadi alesan kanggo ngrugiake wong liya .
Nggawe fitnah kanggo wong liya kuwi tumindak kang ala. Apa maneh yen nganti merjaya wong kang ora duwe ganhdeng cenenenge karo masalahe .
Gaya bahasa
Gaya bahasa sing digunaake ing novel Garuda Putih yaiku gaya bahasa biyasa kaya sing digunaake mbendina. Nanging dikemas kanthi menarik dening penulis dadi wong kang maca bisa kegawa ing njero cerita.

Komentar
Posting Komentar