"Pak...Titip Anak Kula" Panganggit :Suryadi W.S Ringkesan : Seneng- senenge wong urip jejodhowan iku yen lagi arep duwe anak siji. Iku lumrahe, nanging ora mengkono sing dialami Sukri nalika anake arep lair, watara telung taun kepungkur. Tanpa kanyana bapake maratuwa alok sajak angkuh. “ wis tak omongke: aku ki kepepet ” Ujar Marta, sang maratuwa. “ Awit aku ora ngerti yen kowe iki wong nggombal pitulikur ”. “ Kula niku nembe usaha pak, dereng kasil .” saure Sukri. Langsung disuta Marta “ Lha kowe, yen wis ora duwe isin ya tetepa ana ngomah kene. Ning nek due isin kudune kowe ki wis ora wani ngambah omahku ”. Dina iku uga Sukri niggalake omahe maratuwane lan bojone sing arep nglairno Lelakon dumadi telung taun kepungkur. Wiwit iku Sukri usaha kanthi tumemen, linambaran prihatin lan nyenyuwun marang Gusti Allah. Akhire bisa nyelengi dhuwit cukup akeh, atine nyicil bungah, sedhela maneh kelakon tuku mobil lan bisa nemoni anak bojo. ...