Cerkak bahasa jawa
LELAKON Ujare para winasis, apa sing tumiba marang kabeh mahkluk ciptaane Gusti Allah, klebu menungsa, wis adhedhasar garising kodrat. Ora ana sing bisa nulak. Ora bisa milih lair minangka apa. “Tumrap mahkluk neng alam donya iki, lelakon sing dialami mono mung saderma. Awake dhewe iki mung saderma nglakoni,” kandhane Partinah nalika njawab pitakonku, keneng apa tangan kiwaku ora ana drijine. Aku pancen asring ngresula menyang wongtuwa, krana saka sedulur wolu, mung aku dhewe sing ora ganep. Kabeh dulurku —lanang enem, wadon loro— perangan awake jangkep. Komplit, ana sikil, tangan, mripat, kuping lan sirah. Bareng aku? Ora nggumunake menawa cacade awak iki ndadekake aku banjur ora tatag ngadhepi kahanan. Aku ngrasa kurang bebas, mindher yen kumpul karo kanca sekolah, kanca dolan, kanca ngaji, uga sapa wae yen ketemu neng dalan. Apa maneh mlebu toko utawa pasar. Mlaku samlaku, obah ngiwa obah nengen, sarwa ora kepenak. Kidhung, kaya-kaya kabeh mripat padha...