Rangkuman Novel Bahasa Jawa
ASMARA ING SALA ENDAH
Penulis
: Eny Anggraeni
Penerbit
: TRI TJAHJA
Tebal
: 34 halaman
Lelakoning urip Mariani uga
kasebut Rian kang nemoni akeh pacoban pinuju urip kang mulya. Kawiwitan saka
Nursanta (Santa) kang kerep banget mara menyang omahe Jektiningtyas (Tyas),
yaiku putra saka budhene Rian. Rian kang uga melu budhene dadi melu akrab karo
Santa. Santa lan Tyas iku kekancan wis suwe, mula ngandi-ngandi ya wong loro.
Ora nyana jebule Santa karo Rian wis pada aprasetya bakal urip bebarengan,
kalorone padha-padha duweni rasa tresna. Kamangka Tyas uga tresna banget marang
Santa amarga sangka kulinane dolan bareng, nanging Santa ora ngerti yen
ditresnani.
Suwening suwe gegandengan antarane Santa karo Rian dingerteni dening Tyas.
Dheweke kelara-lara lan nguring-nguring adhine ponakan. Rian dianggep ngrayah
Santa, kamangka sejatine tresnane Santo iku dudu marang dheweke, ananging
marang Riana dine ponakan. Rian diarani ora bisa males kabecikane budhene kang
wis melu ngopeni lan ndidik Rian, lha kok malah gawe kuciwaning ati. Diundhat-undhat
mangkono atine Rian uga kelaran, dheweke malah pasrah kepengin nusul mati
ibune, nanging ora sida merga Santa bisa ngademake atine. Merga perkara iki mau
Rian dadi ora kepenak marang Tyas, dheweke lila ngedohi Santa.
Santa duwe mitra kenthel tunggal
sak kos jenenge Sasmaja, apa wae kang dialami kabeh dicritakake marang mitrane
kuwi, semono uga Sasmaja. Santa janji bakal nduduhake wadon katresnane yaiku
Rian marang Sasmaja. Dene Sasmaja dewe iku duwe lelakon kelangan wadon kang
ditresnani nganti wektu kuwi, jenenge Mamik. Sanadyan ora genah ana ngendi
wonge saiki nanging dheweke setya isih ngarep-arep. Nalikane Santa ngenalake
Rian, Sasmaja kaget lan ora nyangka, jebul Riyan kuwi wadon sing sasuwene iki
tansah dienteni lan ditresnani ‘Mamik Mariani’. Rian sejatine uga kaget,
nanging kalorone mung bisa mendhem rasa kuciwa uga sedhih kanggo njaga
perasaane Santa.
Cekaking crita Santa kapeksa nikah karo Tyas amarga penjaluke wong tuwane, wong
tuwane wis padha-padha ngugemi manawa sasuwene iki kalorone ajeg dolan bareng
malah uga diarani pacaran. Dene Rian nikah karo Sasmaja merga kalorone
padha-padha isih tresna. Sawise kuwi Tyas meteng, nalika arep lairan dheweke
mati merga penyakit kolera. Sadurunge mati Tyas wis kandha marang Rian
titip anake, lan uga Santa supaya ngopeni anake. Santa sedhih lan nelangsa
uripe sawise ditinggal mati bojone, nanging Rian uga seneng mbiyantu momong lan
ngurusi bayine. Ananging suwe-suwe Sasmaja malah cemburu amarga ora tau di
gagas, piye wae Santa biyen ya mantane bojone, banjur tuwuh rasa gething,
dheweke lunga lan uripe dadi bubrah.
Sasmaja kang maune dianggep
wong kang luhur bebudine amarga dhewekke guru, saiki malah kaya wong edan, maen
lan mendem dadi lelakone. Rian miris atine, kepiye wae Sasmaja iku isih bojone,
wong kang ditresnani. Santa ora mung meneng, dheweke mbiyantu Rian kanggo
ngerih-rih Sasmaja supaya bali dadi wong kang bener lan gelem bali marang Rian.
Sasmaja sangsaya nesu amarga Santa nyampuri urusane. Akhire Rian ngrumangsani
yen dheweke salah, cara apa wae dilakoni dewe tanpa direwangi Santa
supaya Sasmaja bali menyang rangkulane meneh. Akhire Sasmaja uga sadar lan
kalorone wiwit nglakoni urip bebarengan meneh kaya biyene.

Komentar
Posting Komentar