Novel Lumbung Jati ing Gunung Kendheng


      Sinopsis

  Novel Lumbung Jati ing Gunung  Kendheng menika dados sarana pamulangan, ingkang isinipun babagan sambung srawung salebeting bebrayan. Isinipun inggih menika wiyosipun ingkang nyariosaken kawontenan dalem swarga Sampeyan ingkang sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono IX. Sampeyan  putra ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwno VI miyos saking Prameswari. Sampeyan dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono VI jumeneng dalem Nata hamarengi. 
Gumantine tahun lumaku nut wirama alam. Desa mawa cara, negara mawa tata. Gremat-gremet waton slamet. Alon-alon waton kelakon. Kraton Surakarta kagungan adicara. Malem selikuran menika kayata ndherep kirab, wonten ingkang mbeta ting, piranti ingkang kedah jangkep yaiku lenga. Supados urupe padhang. Salajengipun wonten gerdu ing pinggir dalan, milih papan ingkang strategis, lan gerdu menika sami dipun sumet.
Kawruh bab urip saged dipun pendhet saka isining kasusastran. Sastra menika tegesipun tulis. Ngemot surasa katrangan. Wonten satunggaling sarjana bangsa Benggala nyariosaken bab  Ramayana. Cariyosipun Satriya Ramayana ingkang tilar kedhatoning rama ngantos pinten tahun laminipun
Unen-unen ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung busana. Nyariosaken bab pangageman kajawen Surakarta tumrap kakung lan dhasaripun saking tata caranipun ngagem ing kraton Surakarta. Ing kalanganing kraton Surakarta wonten tembung Jawi Jangkep inggih menika iket blangkon. Blangkon saking tembung blangkon.Wonten ugi rasukan krowok, sabuk, epek dalah timang saha lerepipun. Wonten serat dhawah Pasowanan, dipun sebataken Pengageman Jawi Jangkep Padintenan, menika tegesipun rasukan boten pethak utawi cemeng, dados werni menapa kemawon.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Rangkuman Novel Bahasa Jawa