NOVEL BAHASA JAWA
SERAT RIYANTA
Wonten Serat
Riyanta punika kacarios menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur,
asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas
Riyanta. Wiwit raden mas Riyanta umur enem taun, dheweke ditinggal sedak aliyan
ramanipun. Lajeng naming dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Riyanta
sanget dipuntresnani dening ibunipun.
Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Riyanta di pindah wontening
Semarang. Wonten Semarang punikaraden mas Riyanta ndherek pamanipun, asmanipun
raden mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Riyanta kadidik dados jejaka
ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak
tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakka
behanipun katurutane raden mas Riyanta.
Ngantos umur kalih dasa, raden mas Riyanta dereng gadhah estri ingkang
ditresnani. Mula, ibunipun tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas
Riyanta kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden
mas Riyanta dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi
dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Riyanta tasih kepengin
golek pengalaman kangge kauripan punika.
Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas
durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanto
kangge tindak dating ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah
kebarakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika
badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten
kawan welas taun. Lare punika nangis sarwisa sarubat ngupadosi tiyang sepuhipun
menawi katalingsut amargi melas, raden mas Riyanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika
badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan
tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Riyanta dereng ngertos namanipun bocah wau.
Raden mas Riyanta tresna kaliyan estri punika.
Saking kumidi, raden mas Riyanta banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten
dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Riyanta. Amargi boten purun
bab jejodhohan punika, raden mas Riyanta banjur tindak menyang Boyolali.
Menawisa mpun radi adhem, raden mas Riyanta banjur wangsul wonten dalemipun.
Akhiripun, raden mas Riyanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten
ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika
putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Riyanta. Raden mas
Riyanta remensanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas Riyanta boten
wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking
Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab punika, raden mas Riyanta lajeng ndamel
lukisan gambaripun raden ajeng Srini.
Ibunipun raden mas Riyanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai
Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem
punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Riyanta banjur nembung raden
ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Riyanta kalian raden ajeng
Srini mantenan.
Unsur
Intrinsik Novel
1. Tema
; perjuangane bocah lanang seng urep karo ibune, banjur wes gedhe goleki
estri ingkang ditresnani
2. Paraga/Penokohan
;
1. Pangeran
Notosewojo ; mbeneh
2. Raden
mas Riyanta ; apik sifate lan tingkahe, ora gampang nyusu-nyusu
3. Ibu Raden
mas Riyanta ; Penyayang
4. Raden
mas Tondowidjojo ; teges
5. Raden
ajeng Srini ; peduli, gampang nulung wong liyo
6. kyai
Pramayoga ; Nuruti karep anak
3. Alur/Plot
; maju
4. Latar/Setting
; - tempat : nagari Surakarta, semarang,
5. Amanat
; yen pancen tresna karo uwong kudhu diperjuangne
6. Sudut
pandang ; wong ketelu

Komentar
Posting Komentar