Sinopsis Novel Bahasa Jawa
" PRAU
GETHEK NYEBRANG JALADRI"
Soekirman lair ing desa Tualang,Perbaungan,Serdang Bedagai,Sumatera
Utara. Asma Bapakipun Soekirman inggih menika Pak Subardilan , pakaryanipun
inggih menika tani lan laku dagang woh-wohan, asma ibunipun bu Isayaah.
Simbah buyut Soekirman asli saking Parakan,Temanggung Jawa Tengah, asmanipun
Mbah Sajiman lan Mbah buyut putri saking Blora inggih menika Mbah Halimah.
Simbahipun Soekirman inggih menika Mbah Jusuf lan mbah putrinipun mbah Absah. Nalika
Soekirman taksih alit antawisipun taun 1958 Bapakipun Soekirman seda,lajeng
Soekirman dipunrawat dening Budhe Sanikem lan Pakdhe Ngadimin. Lajeng Ibunipun
Soekirman pindhah dhateng desa Pagar Jati,Lubuk Pakam. Ing desa Pagar Jati
Soekirman dipunsekolahaken ing Sekolah rakyat ngantos dumugi tahun 1962.
Pakdhe
Ngadimin menika njabat ketua RT ing desa Pagar Jati lan mucal tiyang-tiyang
desa maos lan nulis ingkang langkung dipunkenal istilahipun PBH
(Pemberantasan Buta Huruf), amargi mucalipun pakdhe menika wonten ing
dalemipun piyambak,dadosipun Soekirman tumut sinau sanajan dereng sekolah.
Dadosipun nalika mlebet SR Soekirman sampun pinter maos lan nulis.
Wiwit alit
Soekirman sampun dipundidik supados saged nandangi Pakaryan menapa kemawon.
Desa Pagar jati menika wonten ing pinggiripun margi kang dados jalur utama
Sumatera,kitha kecamatan Lubuk Pakam tebihipun kirang langkung 4 Km saking
desanipun . Nalika SMP , Soekirman bidhal mantuk sekolah menika mlampah
ananging kadhang-kadhang menika nitih pit onthel. Nalika mangsa ketiga
Soekirman asring nandur tomat,jagung,sorgum, Lombok lan sayuran. Pengalaman
ingkang boten saged dipunlalekaken inggih menika nalika Soekirman kekancan
kaliyan tiyang Batak,saengga Soekirman menika saged basa Batak.Soekirman menika
bocah ingkang sregep ngaji,Sholat, taraweh saha ngayahi pakaryan kangge
kebutuhan Sosial kemasarakatanwonten ing desanipun.
Soekirman
asring pikantuk dongeng saking Pakdhenipun nalika taksih alit. Soekirman menika
nyuwun pirsa dhateng pakdhenipun babagan sejarahipun tiyang Jawi saged dugi ing
tlatah Serdang Begadai. Lajeng pakdhe Ngadimin cariyos babagan sejarahipun
supados anak putu saged mangertos sejarah ingkang sampun kalampahan.
Kirang langkung taun 1900 Mbah Sajiman lan Mbah Halimah bidhal saking Tanjung
Cina Semarang boten langsung tumuju Deli,ananging mandhap riyen wonten ing
Singapura rumiyin,kekalihipun dagang panganan nganti 2 taun. Salajengipun
simbah buyut nyabrang nuju Tanah Deli nyusul paklik ingkang sampun ngumbara
langkung riyen. Taun 1904 simbah buyut pindhah dhateng Perbaungan,Kesultanan Serdang,
ing taun menika ugi simbahipun Soekirman lair, inggih menika mbah Jusuf lair
ing desa Tualang.Asal mulanipun sami ngumbara dhateng Sumatera utawi Tanah Deli
menika boten jelas, kinten-kinten menika kangge ngrubah nasib.
Soekirman mbangun bali wisma (bebrayan) nalika umur 27 taun, tanggal 14
Maret 1982. Nalika semanten Soekirman sampun makrya wonten ing USU kanthi
jabatan Asisten Dosen pangkatipun Gol II/b ing Fakultas
Pertanian USU, Soekirman nggih nyambi mucal ing STM Pertanian Lubuk Pakam.
Garwanipun Soekirman menika Marliah,bidan ing Puskesmas Pagar Jati, gadhah
putra 5. Pendawa Lima, putranipun Soekirman lan Marliah sampun nate dipunruwat
ngagem tata cara adat Jawa tanggal 14 Maret 2007. Putra kang pembajeng anama
Searca Agung Nugraha, Nomer kalih Panji Septocahyo,Ketiga Dimas
Triadji, kaping sekawan Dipa Wicaksono,lan ragilipun Prasetyo
Feldafing.
Soekirman
lan ibu boten kendhat anggenipun nyukanisesorah supados putra-putranipun njagi
sopan santun dhateng tiyang ingkang langkung sepuh,piwulang agama uga
dipunwucalaken marang putra-putranipun, saliyanipun kluwarga menika uga
mentingaken pirembugan. Budaya ingkang diwulangaken inggih menika unggah-ungguh
,ngajeni tiyang sanes,boten sewiyah-wiyah marang tiyang alit,lan boten pareng
dumeh.
Soekirman menika uga tumut sanau non-gelarkang ilmunipun saged kangge
jawab tantangan wonten ing masarakat sadina-dinanipun. Kursus ingkang nate
dipuntumuti inggih menika AMDAL,Perencanaan partisipatif,perencanaan
pembangunan,pertanian organic,leadership pedesaan lan community development.Soekirman
langkung remen kaliyan Ilmu Sejarah ,Bahasa Indonesia utawis IPS.
Kanthi
lembaga menika Soekirman bebas nyukani gagasan-gagasan pembangunan Partisipatif
kangge ngrembakaken Swadaya Masa aka ting padesan. Dherek organisasi menika ugi
dipunlampahi dening Soekirman kangge nambah pengalaman lan idealism
kepemimpinan. Taun 1980 sasampunipun angsal gelar BSc ing babagan pertanian,
Soekirman dados pegawe Negri Sipil , posisinipun dados asisten dosen. Taun 1983
namataken S1 lan golonganipun mindhak dados III/a,lajeng dipunangkat dados
dosen Mekanisasi Pertenian.Piyambakipun ugi nyambi dados konsultan
pembangunan pabrik gula ing SUMUT jabatanipun site engineer.Ing njaban
kampus sareng kaliyan anak-anak pecinta alam ngedegaken pakumpulan kangge
ngembangaken swadaya warga masarakatdesa Bintarni ing taun 1980 lan taun 1986
dipungantos dados Yayasan Bitra Indonesia.Piyambakipun ugi aktif ing
Organisasi tarap nasionalsaengga kepilih dados Presidium WALHI
Nasional 1983-1989,pengurus Sekretariat Bina Desa Jakarta 1990-1996.
Garwanipun Soekirman ingkang keturunan Suku Batak menika ndadosaken
Soekirman lan kluwarga tumut wonten adicara adat Batak,ingkang langkung becik
malih piwulang-piwulang lan budaya jawa ingkang sae saged dipungabungaken
kaliyan nilai Sumatera ingkang dinamis lan ditrepaken ing urip
bebrayan.Soekirman menika salah satunggaling tiyang ingkang aktif wonten ing
Pujakesuma, inggih menika organisasi warga Jawa ingkang ngumbara wonten ing
Sumatera. Soekirman inggih asring tetuwi ing Kraton Surakarta kangge
Silaturahmi lan sinau tradisi leluhur, dangu-dangu Soekirman langkung remen
dhateng budaya gagrak Surakarta kang nglimputi babagan sejarah estetsi lan
filosofi. Usahanipun kangge mujudaken Propinsi Daerah Istimewa Surakarta
,Soekarmin tumut ngusulaken Sinuwun Paku Buwana X dados pahlawan Nasional. Tanggal
16 Mei 2011,dina senen Soekirman lan garwanipun tetuwi ing
Yogyakarta,sebanjuripun tetirah marang asal-usul leluhuripun ing desa Bagelan
Purworejo. Soekirman lan garwanipun pancen keturunan asli Jawa.
Griya kagunganipun Joyokusumo katelah Ndalem Joyokusuman,Griya
kagunganipun Soekirman uga saged dipunwastani Ndalem Kirmanan. Saderengipun
manggen wonten ndalem menika kluwarga Soekirman kedah purun Lara
Lapa Tapa Brata. Innamal usri’usra. Ing suwalikipun kasusahan mesthi
wonten kesenengan. Kangge gadhahi hak milik mbetahaken wekdal kang dawa. Kayat
unen-unen sedikit demi sedikit lama-lama menjadi bukit. Saking
tabungan ingkang boten sepinten menika Pak kirman lan bu Kirman nyelengi
nganthi gemi nastiti. Syukur Alhamdulillah taun 2000 omah kontrakan menika
dados hak milik kluwarga Soekirman. Dinten minggu tanggal 5 Juni 2011
watara tabuh 14.00 Soekirman ngadani pagelaran wayang purwa kanthi lakom
"Wahyu Cakraningrat " . Pengiringipun saking paguyuban Seni Suko
Budoyo. Srampungipun pagelaran para niyaga sami rerembagan babagan seluk beluk
sejarahipun budaya Jawa. Jawa punika panggenanipun raos. Mula wonten kang
ngarani Jawa Jiwa Kang Kajawi.Budaya abangan condhong marang mistik,olah
raos,adat,tradisi,barang-barang kuno,cagar budaya,lan tilaran sejarah. Menawa
ditilik saking perspektif sosio linguistik, nami Soekirman jelasipun
asli jawa. Su = Endah, Kirman=Pakaryan. Ancasipun supados kang ngagem asma
menika saged nglampahaken pakaryan kanthi ati kang endah lan pungkasanipun
pikantuk asil kang endah. Wonten ing sadinten-dintenipun Soekirman sregep
nindakaken syariat wiwit saking rukun Islam , sedayanipun sampun ditindakaken
kanthi jangkep lan sampurna.Ananging,Soekirman sakluwarga boten nate nilaraken
babagan ritual lan tradisi.

Komentar
Posting Komentar