Cerkak bahasa jawa
LELAKON
Ujare para winasis, apa sing tumiba
marang kabeh mahkluk ciptaane Gusti Allah, klebu menungsa, wis adhedhasar
garising kodrat. Ora ana sing bisa nulak. Ora bisa milih lair minangka apa.
“Tumrap mahkluk neng alam donya
iki, lelakon sing dialami mono mung saderma. Awake dhewe iki mung saderma
nglakoni,” kandhane Partinah nalika njawab pitakonku, keneng apa tangan kiwaku
ora ana drijine.
Aku pancen asring ngresula menyang
wongtuwa, krana saka sedulur wolu, mung aku dhewe sing ora ganep. Kabeh
dulurku —lanang enem, wadon loro— perangan awake jangkep. Komplit, ana sikil,
tangan, mripat, kuping lan sirah. Bareng aku?
Ora nggumunake menawa cacade awak
iki ndadekake aku banjur ora tatag ngadhepi kahanan. Aku ngrasa kurang
bebas, mindher yen kumpul karo kanca sekolah, kanca dolan, kanca ngaji, uga
sapa wae yen ketemu neng dalan. Apa maneh mlebu toko utawa pasar. Mlaku
samlaku, obah ngiwa obah nengen, sarwa ora kepenak. Kidhung, kaya-kaya kabeh
mripat padha nguwasi saparipolahku.
“Ngganthenge pancen oleh, pawakan
gedhe dhuwur, pinter, kulite nguning langsep, mripat, alise kabeh sarwa
sempurna. Mung kuciwane tangane iku,” grenenge sawijining pawongan sing tau
dakrungu. Embuh dilairake apa mung sumimpen njero dhadha, aku bisa ngira-ira
pikirane wong-wong yen dhong meruhi aku.
Pancen isih akeh wong sing nandhang
tuna daksa luwih nemen tinimbang aku. Sing ora duwe sikil babar pisan, sing ora
normal mripate, sing kupinge ora kena digawe ngrungokake, sing irunge pesek,
sing tangan lorone mung sewatese kelek, uga ora sethithik wong sing idiot.
Yen dibandhing karo wong-wong mau,
mesthine aku isih luwih ganep. Nanging sapa wonge sing gelem duwe awakdisable kaya
aku iki? Uwong sing sarwa genep wae kadhang isih kenggonan rasa kurang percaya
dhiri, apa maneh sing cacad.
Pengin nutugake
menyang bangku kuliyah satamate SMA dakkira wajar. Nanging rehne wong tuwaku
petani cilik ongkak-angkik, kepeksa pangimpen bisa mlebu pawiyatan luhur
dakguwang. Tangeh lamun kelakone, ora beda ngenteni tekane orong-orong
nggendhong gong.
Lulus SMA kanthi nggawa titel panji
klanthung sangsaya nambahi rasa sumpegku. Ngene salah, ngono kliru. Mlaku
mrana, njangkah mrene kikuk.
“Wong urip kok dadi tontonan
terus,” grenengku keranta-ranta.
Kabeh wong urip butuh mangan, butuh
samubarang kanggo nyukupi kebutuhane. Supaya oleh dhuwit, aku kudu nyambutgawe.
Yen ora gelem nyambut gawe, mesthi bakal kaliren. Mokal njagakake wong tuwa
terus. Nanging aku arep nyambutgawe apa? Perusahaan ngendi sing gelem nampa
wong cacad kaya aku ngene iki?
Ning kepriye maneh, aku kudu
mbudidaya. Mosok mung………….

Komentar
Posting Komentar