rangkuman cerkak bahasa jawa

"Kunarpa Ing Gerbong Pungkasan"




Dening : Kukuh S. Wibowo
Majalah : Panjebar Semangat edisi 43
Tanggal Babar : 22 Oktober 2016

Rangkuman :
           Respati, Niken Respati Kusumaningrum. Wong sing ngurusi urusane Hotel Ndederpenyu ing Tretes. Herkusna Nitibaskara, pengusaha kaloka ing kutha gedhe lan bapake Respati. Respati marani dhetektif kanggo ngadhepi perkara sing lagi diadhepi deweke. Telung dina kepungkur bapake masang adpertensi ning koran. Duduk adpertensi promosi utawa kabar lelayu kaya umume iklan, nanging byawara yen bapak nedya ngedum warisan marang putra-putrane. Aneh kan, wong atase perkara kaya ngono kok dipacak ana surat kabar. Bapake uga isih sugeng, isih sehat, kok moro-moro arep ngrembug dum-dum warisan.
           Dhetektif sing jenenge Setyawan kuwi bingung mirengke critane Respati. Amarga ora ana apa-apa kok bapake arep ngedum warisane. Malah uga dicethakake yen anggone bakal ngedum warisan iku ana Hotel Ndederpenyu rong dina candhake. Nanging Respati curiga yen ana perkara siningid sing mung dingerteni bapake. Akhire, Respati njaluk, Setyawan mara menyang Hotel Ndederpenyu kanthi sesidheman mbarengi wektu sing ditemtokake bapake kanggo ngedum warisan. Respati mung kepengin warana iki disingkap supaya wewadi ing samburine katon cetha.

Amanat :

           Dadia anak sing mangerti wong tuwa. Aja sampek kowe ora ngerti yen wong tuwamu nduwe masalah. Pas wong tuwamu wis tuwa, sing dekne kabeh nduwe mung awak dhewe, anake. Aja sampek kowe ora iso ngentekake sithik wektumu kanggo wong tuwa. Mumpung wong tuwa mu isih ana, kula dungakne mugi-mugi wong tuwa kita sedaya dowo umure lan tansah saras.. Amiiinnn

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Rangkuman Novel Bahasa Jawa