BUDHE PAINI K ENALKU wiwit ana omah kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol blanja, yen awan dodolan rujak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang aku. Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake. Budhe Paini pindhah menyang sawah, Embuh sawah sing endi, sebab akeh banget sawah-sawah sing dikapling. Salah sijine, kaplingan kang dakcicil, wis oleh rong taun. Saka sekolahanku kira-kira rong kilo adohe. Isih sawah amba, malah isih ana kebone nalika iku. Terus, nalika wis lunas, sisihanku nanting. Wusana banjur wiwit mondhasi, ngurug, nembok, kuda-kuda, akhire sawise nem sasi aku bisa manggon omahku dhewe. Rada adoh sakulone sawah, ana omah petak jejer sapengidul. Sawijing awan mulih saka mulang, karo payungan awit grimis, aku kaget ana swara kemrosak saka tengahing alang-alang. Kesusul swara wadon: “Bu Guru!” Dakwaspadhakake swara iku. Lho! “Budhe Paini!” “Bu Guru! Njenengan ta sing p...