rangkuman novel
Spookhuis Gedhong Setan
a.Penulis :
Suparta Brata
b. Penerbit :
Penerbit NARASI (Anggota IKAPI)
Perum
Tambak Mas No.77 DK II, Sumberan Yogyakarta 55182
c. Tahun
Terbit : Cetakan
Pertama 2010
d. ISBN :
ISBN (10)979-168-251-8
ISBN
(13)978-979-168-251-0
e. Dimensi :
14,5 X 20,5 cm
f. Jenis
Kertas : HVS
Nalika malem jemuwah kliwon sing
wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep
mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang
pasar kembang. Sederenge Totje lunga marang gedhong setan, deweke nyiapake
barang bawaan sing arep digawa. Totje latian carane motret nganggo tustel.
Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana
kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang
umahe nang wengi kuwe. Tekane Sonia marang umahe Totje merga deweke ngerti
menawi Totje arep lunga marang gedhong setan, lan Sonia arep mbatiri Totje
marang gedhong setan. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi
Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong
setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa
Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal
ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire
wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang dokare takon
marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane marang gedhong
setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu menungsa. Sawise tekan
gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik cepet-cepet.
Sawise gutul ngarep
gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing ora dikunci.
Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan sing kepindo
Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba mergane
peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora katon wujude
lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan, malah Jaan
ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke diwedeni
dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa dibukak.
Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni deweke.
Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di bukak, tapi
nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan saiki nutup
merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje, tapi Totje
ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong telu mau
banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok menawa ana
dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh ruangan
dileboni. Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman keras lan
mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo
marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat
Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane
Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih
njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan. Nalika
Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana wong wadon
disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau kuwi,
banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka wetenge
wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag kono, kuwi
dudu dhemit. Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana sing gerak
saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang kamar kuwi,
nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk
tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang
kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani
deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok
loteng mau. Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang
kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu
marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung
dithuthuk nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget
kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine
Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia.
Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika
wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok.
Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan
Unsur Intrinsik
Amanat : aja gampang percaya omongane wong sing urung mesti benere.
Angger ngomong dibuktekake disit bene apa orane.
Tema : nepati janjine marang kanca-kancane mlebu marang gedhong setan
lan arep mbuktikake yan gedhong kuwi langka setane.
Latar balakang : novel iki
nyritakake jamane cah sekolah SMA nalika nyritakake gedhong sing terkenal
angker. Novel iki isine horor nanging uga ana saru-sarune.
Waktu :
1. Nalika sore (pas siap-siap arep
marang gedhong setan)
2. Malem jemuwah kliwon (nalika
marang gedhong setan)
3. Nang sekolahan (nalika Totje
ditantang marang Gedhong Setan)
4. Nang tempat debat (Totje dadi
bahan omongan merga nekad marang gehong setan)
5. Nang gedhong setan wayah malem
jemuwah kliwon
6. Nang kamar (nalika Totje lagi
latiahan motret nganggo tustel)
Suasana :
1. Udan wayah sore malem jemuwah
kliwon
2. Heboh nalika Totje latihan motret
pas nang kamare
3. Menegangkan nalika perjalanan
nang gedhong setan lan nang gedhong setane
4. Rame nalika Sonia njerit-njerit
nang njero gedhong setan
5. Keharuan nalika Totje nang rumah
sakit dirubung wong akeh
Alur : alur sing dinggo
yaiku alur campuran ana maju ana mundur
Gaya Bahasa : akeh nganggo
majas-majas

Komentar
Posting Komentar